Purwokerto – mediasinarpagigroup.com – Senajan Yuswo Sengsoyo tuwo, ananging tuwo iku nugroho, paringane ingkang moho kuwoso, mugo tansah diparingi rahayu wilujeng widodo, nir ing sambekolo, ora kurang sawiji opo.
Roso pangroso dipontho-pontho, endi sing becik, endi sing olo, becik ketitik, olo ketoro, dadi panglimbanging roso, sing apik di upokoro, sing olo ayo podo dibuang, supoyo ojo dadi memolo. Panyuwunku, nadyan wi tuwo, uripo ingkang tetep miguno, tumrap sepodho-podho, tansah pinaringan, ayem tentrem karto raharjo, rogoniro bagas waras, rosoniro bagyo mulyo. Nganti oncating nyowo.
Mugi-mugi kito sedoyo, tansah guyub rukun salaminipun.(Purwokerto, pungkas pebruari 2026).




